Wong Jowo Ojo Ninggal Jawane

Friday, September 26, 2014
Catatan Maznoer - "Wong Jowo Ojo Ninggal Jawane". Mungkin iku tembung sing ti tujuake dateng lare nem-neman ing jaman sak niki. Akeh bocah nom saiki sing pinter tapi podo keblinger, sing seneng utowo bangga nganggo budaya asing sing ora pas karo toto carane masyarakat jawa. Cobo diloken cah cah enom saiki, wis soko pacakane wae, enek sing sok korea, sok ameriki.. eh amerika maksude..xixixi... malah yo enek, ora cah enom wae, wong-wong sepuh yo nganggo pakaian sok arab-araban, diloken kae nek mejid2 pora yo enek sing ngunu kuwi... :D

Kuwi sek bab sepele masalah pakaian,, urung soko sak liyo liyane seng luwih penting yoiku masalah totokromo, anggah ungguh.

 Sak benere wong jowo iku luwih hebat, luwih ampuh, luwih pinter tinimbang bongso liyo liyane.. Conto: Masalah bahasa, "Beras" boso inggrise "rice", sak durunge dadi beras mestine "gabah" kuwi ngono boso inggrise yo "rice", pari=rice, sego=rice, upo =rice, intip = rice, karak = rice,, lan sakpiturute... Lho... ngunu kuwi, man dilok dewe,,, Wong jowo iku sugih boso.. Nggone dewe bosone macem2 wong inggris gur duwe siji... yo ra...

Conto maneh,, Jaman sak iki lek sampeyan dilok fesyien,, opo fesyien ke??? Pakean wis lek ra ngerti fesyien... hahaha... Saiki ki nk Amerika kono modele klambi cewek sing gur nutupi dodo mengisor trus enek belekane tengah,,, Lho kuwi jaman borobudur, penataran wis ono sing ngunu kuwi nek abad 8 Masehi lek ra kleru... Wong jowo biyen ki nganggo tapih sing ti model koyo fesyien amerika saiki abad 21... dado cewek cewek jowo biyen ki seksi... xixixi :D

Mulo, ayo poro cah cah enom saiki,,, diloken to mbah mbahe awake dewe mbiyen ki terkenal dadi wong wong sing linuwih sing hebat gak ono tandinge,, Gajah modo nduweni cita cita sing gede, pengen nyawijekke nuswantoro sing terkenal dadi sumpah palapa. Ayo awake dewe yo kudu nduweni cita cita sing gede ugo.. opo???  yo pikiren dewe,...

Leluhure awake dewe biyen iso nduweni negoro sing gede koyo Indonesa iki ora kok gur karo turu trus oleh negoro sak mene gedene tapi nganggo getih,, tak baleni maneh NGANGGO GETIH. Trus awake dewe ki tinggal mengkruk wae ojo trus leha leha.. perjuangan kudu ti lanjutke,, nganggo coro piye.. Yo macem2. Sing dadi Guru, ayo berjuang minterke generasi penerus bangsa, peneruse awake dewe kudu luwih pinter luwih ampuh tinimbang awake dewe.. Sing dadi pengusaha, ayo berjuang ningkatke kwalitas produk e awake dewe, piye amrih produke awake dewe iso maju, ora gur nek Indonesa wae tapi iso go internasional, sing mesti produke sing ngewehi manfaat sing apik. Ono sing dadi pengangguran,, kuwi yo kudu berjuang piye amrihe iso nduweni gawean,, sing perlu tak garis ngisori AYO BERJUANG BERJUANG BERJUANG..!!!

Kesimpulane: Wong jowo ojo ninggal jawane, yaiku wong jowo sing asli ki yoiku wong sing  linuwih, kumpulane wong wong pinter,wong sekti, wong huebat ra ono tandinge.. Opo-opo barang sing ticekel wong jowo mesti manfaati.. Ora mung kuwi, wong jowo kudu nduweni sifat kang becik, nduweni sopan santun, nduweni toto kromo...

Mugi-mugi manfaat,, yen ono klera klerune,,, kritik saran kawulo suwun...

Artikel Terkait

Next Article
« Prev Post
Previous Article
Next Post »
KOMENTAR
  • Maaf, kolom komentar dinonaktifkan sementara.

1 comment

Silahkan berkomentar sesuai dengan artikel diatas dengan baik dan sopan!